Powered By Blogger

WONG JAWA

wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
genea kok ngiris atiku?

ronggowarsita lan aristoteles
yasadipura lan sokrates
padha dene pujangga linuhung
padha dene pujangga kang agung

yen kok semak buku filsafat
yen kok semak ilmu masyarakat
mung ana siji keblat
kang ajine ora mekakat
kang gawe ati ngrantas
awit mung aristoteles lan sokrates
sinebut sinobya ukara
rinoncen kembang maneka

o, ronggawarsita
o, yasadipura
awit apa basa jawa
kang ora bisa diwaca?
awit apa mung basa latin
kang ora bisa anuntun batin?

wong jawa aja jawal
jawa jawal jawane kadhal
apa sliramu jawa, mitraku
genea kok ngiris atiku?

kecubung ungu ing taman kutha
iki kahanan kang nembe teka
apa sliramu bakal wuda
melu-melu ngumbar dhadha?

wiwawite lesmbadhonge
tabik-tabik sunan kali
kita ngadeg ing grumbul srengenge
kita wani ndudah ati?

SURIPAN SADI HUTOMO
(Jaya Baya, No. 28,XXVI, 12 Maret 1972)

Posted on 03.19 by Javanese and filed under | 1 Comments »

1 komentar:

Anonim mengatakan... @ 15 Februari 2009 pukul 17.28

Hmm..

Posting Komentar

Sinten kemawon ingkan mriksani blog kula, kasuwun paring kritik lan saran. Mugi-mugi kritik lan saran saking panjenengan sedaya saged biyantu supados blog menika langkung sae lan manfaat kagem sedaya.
MATUR NUWUN